Monday, October 30, 2023

CERKAK

 

CERKAK 1

Balapan Motor

Ing jaman saiki akeh bocak ciliki seng wes pada iso numpak motor. Salah sijine Aji. Aji ingkang umure sawelas tahun lan lingguh ning kelas lima SD. Amergo wes tau ngrasakke kepenake numpak motor, saiki dadi kebiasaane aji len dolan-dolan mesti nganggo motor.Nanging miturut Negara, sing oleh numpak motor iku tiyang ingkang wis duweni SIM utowo “Surat Ijin Mengemudi”. Ing wayah sore, kancane Aji seng jenenge Fatih moro ning omahe . “ Ji, aji…. Aji ….” Fatih nyeluk karo bengak bengok ning ngarep omah. “ Woi,,, sedilut “ kandhane Aji saka njero omah.

Let sadelo, ana suara pating gadebuk kaya ana lindu teko dirasake Fatih. “Wah,,,, lagi teko, ngopo ae Ji kok suwe banget ?” pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae mlayu marani Fatih.“He.. he.. he… lagi wae madang wenak, Alhamdulillah wareg !!” jawabe Aji. “ Awak wae sing digedheke, sekolah yo kudu didhisike!! tugas pr sekolah wes mbok rampungke durung Ji ? “ pitakone Fatih.

“Uwes rampung ,, aman. Ana apa kowe dolan rene sore – sore Tih ?” pituture Aji. “Mergo tugase wes mari, ayo mubeng-mubeng Ji nganggo motor. Engko balapan wes, gelem ora ?” jawabe Fatih karo cengar cengir. “Ayo,, sopo seng wedi !! paling koe seng kalah” ‘Wehh, ojo sombong Ji. Ayo dibuktekake bareng-bareng.” Ngajake Fatih

Sak banjure Aji mlebu ing garasi, nyiapke lan ngetoake motore. “Trengg…. Teng,,, tengg… tenggg” suarane motore Aji lan Fatih sing rame banget. “Siap rung tih ?” pitakone Aji sing wes siap arep balapan. “Siap ji.” Jawabe Fatih “Siji…. Loro….. telu….”Treng,,,,,,, trengg…. Trengg….. tengg Aji lan Fatih pada banter-banteran numpak montor mubengi dalan desa. Wong loro iku pada salip-salipan kaya balapan motor tenanan. Ing dalan pertelon, Aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ana bakul pentol ing lawan arah. Aji kaget sak nalika, dheweke bingung lan gugup. “Lik… lik … lik awas minggir.” Grubyukkkkk,,,,, klontang,…. Tlepok … tlepok…. Pentol seng ana ing rombong pada kuthak kabeh ing lemah.

 Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara, dadi gugup lan pucet. “Kepiye tha le le …. ? Nek numpak motor ki aja banter-banter. Daganganku khutah kabeh, terus piye lek ngeneki ?” pituture bakul pentol karo nesu.

“Kulo nyuwun ngapunen Pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji ingkang kaweden. “Saiki daganganku uwis ora iso di adol maneh, amerga wes kuthah kabeh. Kowe kudu ngijoli duit” “Enggeh Pak, kula bakale tanggung jawab. Kula pamit mantuk rumiyin mendet arta nggeh Pak,” panyuwune Aji.

Akhire Aji lan Fatih urunan dhuwit kanggo ngijole dagangane tukang pentol kang uwis ditabrak mau. Sakwise kecelakaan kuwi, Aji lan Fatih uwis kapok ora wani numpak motor banter-banter maneh.

 

CERKAK 2

 

Kanca Kang Becik

Pas muleh sekolah aku karo kanca-kancaku duwe rencana arep nyambangi Andi sing wes gak mlebu sekolah ono seminggu. Jare konco-koncoku Andi  iku lagi loro tipes, terus aku duwe ide urunan gawe gawakne roti lan who-wohan sing di senengi Andi. Aku lan koncoku liane numpak pit bareng mergane omahe Andi rodo adoh seko sekolahan.

Ndilalahe pas neng tengah dalan ora sengojo ban pit seng tak tumpaki  keno  paku. “Do, ppitku kok kroso aneh ya lek di tumpak i”, aku muni nek Dodo !! “Lha emange konopo?” jawabe Dodo. “Sek jajal mandek tak delok e disek”, balesku. Terus aku karo Dodo jajal mandek gawe ndelok pitku kuwi sak temene keno opo, konco-koncoku liane mangkat disek ora ono  sing weruh. Mbasan di delok, jebule pitku keno paku lan ban e gembos ora iso ditumpaki.

Akire aku dikancani Dodo nuntun pit goleki tukang tambal ban. Amergo posisi pas kui tibak e ora ono tukang tambal ban, aku due rencana nitipke pitku ing omae salah siji warga cedak kono. Terus aku di bonceng Dodo nyusul koncoku sing wes podo mangkat disek menyang omahe Andi. Aku matur suwun banget karo Dodo, amergo Dodo salah sijine kancaku kang becik atine. Dodo gelem ngewangi koncone kang lagi kesusahan. Sawise kedadean kui aku banjur ngerti artine kekancan.

 

CERKAK 3

Cerita Kegiatan Sehari-hari

Saben dina aku biasane tangi esuk. Aku tansah miwiti pakulinan kanthi tangi esuk. Biasane aku tangi jam 05.00 langsung nata kasur. 

Sakwise kuwi aku banjur ngrewangi ibu ing pawon kayata masak. Sakwise kuwi sekitar jam 05.30 aku langsung adus. 

Sakwise adus aku langsung nganggo seragam sak wise nganggo seragam aku langsung sarapan sak wise sarapan, aku nganggo sepatu lan langsung budhal menyang sekolah.

Tekan sekolah aku ketemu kanca-kancaku sakwise kuwi aku nyimpen tas lan njupuk sapu kanggo nyapu pekarangan sekolah.  Sakwise kuwi aku kanca-kancaku langsung menyang kelas kanggo pelajaran.

Sawise bel istirahat muni, aku lan kanca-kanca istirahat lan tuku panganan lan omben-omben ing kantin banjur kita bali menyang kelas nggo pawulangan pungkasan.

Sakwise sekolah ganti klambi lan istirahat. Sore aku bali ngewangi ibu ngumbah piring, nyapu lan liya-liyane. 

Aku banjur adus, banjur ganti klambi. Ing wayah bengi aku ngerjakake tugas sekolah lan nyiapake barang-barang sing bakal digawa menyang sekolah, banjur aku langsung turu.

 

CERKAK 4

 

Ngingah Pitik

Bapakku nduwe usaha ngingu pitik sing terkenal ning desaku. 5 kandang pitik dideleh ning mburi omah. Saben kandang pitik kui ukurane 5 x 6 meter sing cukup dinggoni 50 pitik. Aku saben esuk ngewangi bapak makani pitik-pitik ben cepet gedhe lan iso payu larang. Pakan pitik sing dicepakne nggo makani macem-macem, kayata seko beras, jagung, nganti dedak. Ben oleh rego murah, pakan kui dituku seko tengkulak sing wis dadi langganan suwe.

Tigan seko pitik-pitik iku dijupuki saben dino nek nemu. Alhamdulilah keluargaku iso nggawe usaha dewe. Aku dewe seneng banget sinau soal ngingu pitik langsung karo bapak. Aku duweni cita-cita yen suk gedhe bakal iso nerusne usahane bapakku gen luweh gedhe.

 

0 comments:

Post a Comment