CERKAK 1
Balapan Motor
Ing
jaman saiki akeh bocak ciliki seng wes pada iso numpak motor. Salah sijine Aji.
Aji ingkang umure sawelas tahun lan lingguh ning kelas lima SD. Amergo wes tau
ngrasakke kepenake numpak motor, saiki dadi kebiasaane aji len dolan-dolan
mesti nganggo motor.Nanging miturut Negara, sing oleh numpak motor iku tiyang
ingkang wis duweni SIM utowo “Surat Ijin Mengemudi”. Ing wayah sore, kancane
Aji seng jenenge Fatih moro ning omahe . “ Ji, aji…. Aji ….” Fatih nyeluk karo
bengak bengok ning ngarep omah. “ Woi,,, sedilut “ kandhane Aji saka njero
omah.
Let
sadelo, ana suara pating gadebuk kaya ana lindu teko dirasake Fatih. “Wah,,,,
lagi teko, ngopo ae Ji kok suwe banget ?” pitakone Fatih marang Aji kang lagi
wae mlayu marani Fatih.“He.. he.. he… lagi wae madang wenak, Alhamdulillah
wareg !!” jawabe Aji. “ Awak wae sing digedheke, sekolah yo kudu didhisike!!
tugas pr sekolah wes mbok rampungke durung Ji ? “ pitakone Fatih.
“Uwes
rampung ,, aman. Ana apa kowe dolan rene sore – sore Tih ?” pituture Aji.
“Mergo tugase wes mari, ayo mubeng-mubeng Ji nganggo motor. Engko balapan wes,
gelem ora ?” jawabe Fatih karo cengar cengir. “Ayo,, sopo seng wedi !! paling
koe seng kalah” ‘Wehh, ojo sombong Ji. Ayo dibuktekake bareng-bareng.” Ngajake
Fatih
Sak
banjure Aji mlebu ing garasi, nyiapke lan ngetoake motore. “Trengg…. Teng,,,
tengg… tenggg” suarane motore Aji lan Fatih sing rame banget. “Siap rung tih ?”
pitakone Aji sing wes siap arep balapan. “Siap ji.” Jawabe Fatih “Siji….
Loro….. telu….”Treng,,,,,,, trengg…. Trengg….. tengg Aji lan Fatih pada
banter-banteran numpak montor mubengi dalan desa. Wong loro iku pada
salip-salipan kaya balapan motor tenanan. Ing dalan pertelon, Aji lali ora
ngurupake klakson. Ora nyongko ana bakul pentol ing lawan arah. Aji kaget sak
nalika, dheweke bingung lan gugup. “Lik… lik … lik awas minggir.”
Grubyukkkkk,,,,, klontang,…. Tlepok … tlepok…. Pentol seng ana ing rombong pada
kuthak kabeh ing lemah.
Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara, dadi
gugup lan pucet. “Kepiye tha le le …. ? Nek numpak motor ki aja banter-banter.
Daganganku khutah kabeh, terus piye lek ngeneki ?” pituture bakul pentol karo
nesu.
“Kulo nyuwun ngapunen Pak,
sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji ingkang kaweden. “Saiki daganganku
uwis ora iso di adol maneh, amerga wes kuthah kabeh. Kowe kudu ngijoli duit”
“Enggeh Pak, kula bakale tanggung jawab. Kula pamit mantuk rumiyin mendet arta
nggeh Pak,” panyuwune Aji.
Akhire
Aji lan Fatih urunan dhuwit kanggo ngijole dagangane tukang pentol kang uwis
ditabrak mau. Sakwise kecelakaan kuwi, Aji lan Fatih uwis kapok ora wani numpak
motor banter-banter maneh.
CERKAK 2
Kanca Kang Becik
Pas muleh sekolah aku karo
kanca-kancaku duwe rencana arep nyambangi Andi sing wes gak mlebu sekolah ono
seminggu. Jare konco-koncoku Andi iku lagi
loro tipes, terus aku duwe ide urunan gawe gawakne roti lan who-wohan sing di
senengi Andi. Aku lan koncoku liane numpak pit bareng mergane omahe Andi rodo
adoh seko sekolahan.
Ndilalahe pas neng tengah
dalan ora sengojo ban pit seng tak tumpaki
keno paku. “Do, ppitku kok kroso
aneh ya lek di tumpak i”, aku muni nek Dodo !! “Lha emange konopo?” jawabe
Dodo. “Sek jajal mandek tak delok e disek”, balesku. Terus aku karo Dodo jajal
mandek gawe ndelok pitku kuwi sak temene keno opo, konco-koncoku liane mangkat
disek ora ono sing weruh. Mbasan di
delok, jebule pitku keno paku lan ban e gembos ora iso ditumpaki.
Akire aku dikancani Dodo
nuntun pit goleki tukang tambal ban. Amergo posisi pas kui tibak e ora ono
tukang tambal ban, aku due rencana nitipke pitku ing omae salah siji warga
cedak kono. Terus aku di bonceng Dodo nyusul koncoku sing wes podo mangkat
disek menyang omahe Andi. Aku matur suwun banget karo Dodo, amergo Dodo salah
sijine kancaku kang becik atine. Dodo gelem ngewangi koncone kang lagi
kesusahan. Sawise kedadean kui aku banjur ngerti artine kekancan.
CERKAK 3
Cerita Kegiatan Sehari-hari
Saben dina aku biasane tangi
esuk. Aku tansah miwiti pakulinan kanthi tangi esuk. Biasane aku tangi jam
05.00 langsung nata kasur.
Sakwise kuwi aku banjur
ngrewangi ibu ing pawon kayata masak. Sakwise kuwi sekitar jam 05.30 aku
langsung adus.
Sakwise adus aku langsung
nganggo seragam sak wise nganggo seragam aku langsung sarapan sak wise sarapan,
aku nganggo sepatu lan langsung budhal menyang sekolah.
Tekan sekolah aku ketemu
kanca-kancaku sakwise kuwi aku nyimpen tas lan njupuk sapu kanggo nyapu
pekarangan sekolah. Sakwise kuwi aku kanca-kancaku langsung menyang kelas
kanggo pelajaran.
Sawise bel istirahat muni,
aku lan kanca-kanca istirahat lan tuku panganan lan omben-omben ing kantin
banjur kita bali menyang kelas nggo pawulangan pungkasan.
Sakwise sekolah ganti klambi
lan istirahat. Sore aku bali ngewangi ibu ngumbah piring, nyapu lan
liya-liyane.
Aku banjur adus, banjur
ganti klambi. Ing wayah bengi aku ngerjakake tugas sekolah lan nyiapake
barang-barang sing bakal digawa menyang sekolah, banjur aku langsung turu.
CERKAK 4
Ngingah Pitik
Bapakku nduwe usaha ngingu
pitik sing terkenal ning desaku. 5 kandang pitik dideleh ning mburi omah. Saben
kandang pitik kui ukurane 5 x 6 meter sing cukup dinggoni 50 pitik. Aku saben
esuk ngewangi bapak makani pitik-pitik ben cepet gedhe lan iso payu larang.
Pakan pitik sing dicepakne nggo makani macem-macem, kayata seko beras, jagung,
nganti dedak. Ben oleh rego murah, pakan kui dituku seko tengkulak sing wis
dadi langganan suwe.
Tigan seko pitik-pitik iku
dijupuki saben dino nek nemu. Alhamdulilah keluargaku iso nggawe usaha dewe.
Aku dewe seneng banget sinau soal ngingu pitik langsung karo bapak. Aku duweni
cita-cita yen suk gedhe bakal iso nerusne usahane bapakku gen luweh gedhe.